Would you like to react to this message? Create an account in a few clicks or log in to continue.

    Humor Bahasa Jawa

    Admin
    Admin
    Admin


    Jumlah posting : 59
    Join date : 05.03.12
    Age : 43
    Lokasi : Tangerang

    Humor Bahasa Jawa Empty Humor Bahasa Jawa

    Post  Admin Sat 14 Jul 2012, 16:24

    JEMBATAN ANGKER
    Wiwitan crito pas wayah wengi sekitar jam 10 an dino kemis malem jumat, SAIMUN bali songko rapat koperasi eng kecamatan...

    Wes koyo biasane SAIMUN nek nyang ngendi ngendi mesti nggowo sepeda pancal, kerono bengi iku SAIMUN wes janjian ambi bojone kudu balek cepet, deweke langsung age age mancal sepedae....

    Wes enak enak numpaki sepeda karo siul siul, songko kadoan deweke ngingeti ngarepan onok bayangan uwong ngadek eng tengah dalan, tapi sak brebetan terus ngilang...

    Biasa memang dalan iku ono jembatan seng sering kedaden wujudte uwong tanpo sirah...
    Jare wong tuwo tuwo mbiyen, dek kono bekase pernah digawe goroki gulune wong PKI jaman tahun 65an mbiyen...

    Banjur ngono SAIMUN neruske perjalanan muleh seng kurang luweh isek adoh teko kono...
    Lha bareng tekan jembatan seng deweke ngingeti ono bayangan uwong mau, SAIMUN ngendekke sepeda pancale...
    Clingak clinguk kiwo nengen disawang kok gak enek uwong blas...

    Gak let sedelok, pas SAIMUN arep mancal pedale, deweke krungu sworo lirih wong wedok songko ngisor jembatan...
    Banjur ditoleh ngiwo nengen tetep gak onok wujudte, lha SAIMUN maleh merinding sak kujur awake maleh merinding gobyos...

    Akhire ngono njebul bayangan putih metu songko pinggire jembatan, SAIMUN kedap kedip karo mlorok mripate campur wedi deg deg kan, bareng disawang suwe suwe kok nyelot cedak nyelot marani deweke karo nangis...

    SAIMUN terus deprok lemes nguyoh nguyoh menggon gak sempat kabur, keweden sambi sujud pasrah, cangkeme komat kamit moco ayat ayat suci, sak sembarange di tokne kabeh...

    Mari ngono bayangan iku marani deweke sambi nangis, ters nyekel pundake SAIMUN...
    Lha SAIMUN mundak gero gero melu melu nangis karo jalok ampun...

    Gak let suwe bayangan iku ngomong...:
    "MASS, AKU JALOK TULOONNGG...!!! AWAKKU LORO KABEH GAK ISO MLAKU BANTER, TULUNGONO BOJOKU SEMAPUT MASS, IKI MAU LAGI MULEH TEKO PENGAJIAN NENG MESJID, MONTORKU NYASAR KECEMPLUNG NENG KALEN....!!!!"

      Waktu sekarang Fri 10 May 2024, 08:45